Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi. A. Ciri - ciri geguritan Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku : duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra duweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e duweni bahasa ingkang endah lan mentes Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan B. Unsur - unsur intrinsik Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika : Tema Bahasa kang endah Judul Geguritan Diksi Citra Purwakanthi Amanat kang ono ing jero ne geguritan C. Jenis - jenising Geguritan Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika : Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif) Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif) Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran D. Syarat syarat maca Geguritan Wong moco geguritan ugo duweni syarat syarat , lan ora sembarangan ingkang moco geguritan . Syarat syarate yaiku : Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan Wicara --> lancar orak e moco geguritan Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Lingkungan KITIR Kitir iki Isi panantangku marang wengi Kang kebacut anggone nguja sepi Dolanan swarane asu baung nggeririsi Kitir iki Wujde pangundamanaku marang awang-awang Kang kebacut brangasan Ngrentengi lintang, nguntal rembulan Kitir iki Srana gugatmu marang isen isening jagad Sing pijer royokan berkat Tan keguh njaluk ruwat LINTANG PANJER RAHINA Nalika bumi isih sepi Lintang panjer rahina wes tangi Menehi pepadhang sagung dumadi Kang wiwit gumregah ngupaya rezeki Para among tani wes ndalidir mecaki galengan Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makaryo Para ngulama tumungkul pangestu puja Para santri wiridan ngaji Jago kluruk sesautan Melu tasbih marang pangeran Ndonya sampun gagat rahina Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa Geguritan Bahasa Jawa Tema Pendidikan ARTI TEMAKU Ing petenge arah lan langkahku iki Panjenengan dados srengenge kangge uripku Menehi sumunar cahaya kangge kabeh pangarepan Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu Lewat sorotan cahaya kang metu saka suara lan tuturmu Ing kelas kang ayem tentrem iki Aku nangkep artine panguripan Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik Panjenengan kang nentokake nasib Bangsa Paduka Mboten mokal kagem panjenengan Mujudake generasi emas Bangsa kang gemebyar ing pepetengan Saben dino panjenengan nindakake kegiatan mulyo iki Rasa sabar uga ras iklas ndampingi seban dino Sakabehe ing dunyo ora bisa bales jasamu Yaiku jasamu kang isok nggawe bintang ing pepeteng Kita ora bisa ngganti jasamu karo opo wae Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga Jasamu bakal kito pangeti sajeroning uripku Baka kita pengeti ing sajroning ati Lan ora bakal lebur dening puteran waktu Matur nuwun sanget, Guru ingkang kulo tresnani Tanpo panjenengan bakal peteng Lan amargi panjenengan urip dadi migunani Putri Mulyasari PAMULANGAN Jarene simbah aku kudu sekolah Kareben dadi bocah genah mrenah orah nggladrah Jarene ram ibu aku kudu sregep mangkat Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat Jarene bapak ibu guru aku kudu sregep sinau Tambah ilmu Kareben kelakon kabeh kang tinuju Nanging Prakanca…. Coba delengen kahanan nyata Apa sih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata Pamulangan kang tanpa tuladho Pamulangan kang kasatan piwulang Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta Siji lan siji ana piro ? Jare anut kang nduwe kersa Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maleh tata krama Lali duso… Kabeh lurung binarung kumalungkung Pamrih pamuji siji Pamulangan ora aweh pepadang Simbah… Nyuwun pangapunten Kulo mboten kepingin dados dokter Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper Rama… Nyadong duka Kulo mboten kapilut drajat pangkat Jalaran ajrih sumpahing rakyat Kang panggah mlarat sekarat Bapak ibu guru… Nyuwun dungo pangestu Mugi-mugi sedaya ilmu saget dados sangu